" TUJUAN PENDIDIKAN MUHAMMADIYAH "

"Terwujudnya manusia muslim yang berakhlak mulia, cerdas dan trampil berteknologi

Materi Pembelajaran



ASAL - USULE AKSARA JAWA
Sawijining dina ana pawongan kang isih nom­-noman aran Aji Saka teka saka Hindustan bebarengan karo abdine loro yaiku Dora Lan Sembada. Ancase njajah desa milangkori ing tanah Jawa duwe karep nyebarake kawruhe.
Nalika kuwi pawongan katelune lakune kandheg kanggo ngaso ing pagunungan Kendheng. Aji Saka ngendika marang abdine: " Sembada!" Sesuk aku arep mara ing Medang, keris iki dak titipake Lan dak pasrahake kowe, aja diwenehake sapa-sapa. Sesuk kapan yen aku mbutuhake bakal tak jupukke. Elingana welingku iki!" Sawise rampung ngendika banjur tindak menyang
negeri Medhang didhereki abdine kang aran Dora.
Aji Saka tumekan ing desa ketemu karo mbok Randha Sengkeran. Dene tlatah kuwi kalebu ing Negara Medhang kang wis kondhang yen sang prabu duwe kasenengan mangan daging manungsa, Mbok,Randha ngelingake marang Aji Saka ngati-ati yen arep ketemu karo sang prabu.
Gancanging crita sawise Aji Saka kepethuk karo sang prabu Lan ora manut karo dhawuhe, pungkasane kedadeyan perang. Prabu Medhang kang kaya raseksa iku tiwas Dening Aji Saka.
Sakpatrape Aji Saka jumeneng nata ing Negara Medhang. swasana dadi aman, wargane ayem tentrem. Aji Saka kelingan yen ninggal pusaka keris kang dipasrahake abdine Sembada, banjur dhawuh marang Dora supaya enggal budhal njupuk pusaka keris iku.
Ing papan pusaka, kerise Aji Saka kang dijaga dening Sembada, nalika Dora teka saprelu arep njupuk keris saka dhawuhe Aji Saka nanging ora diwenehake banjur dadi sulaya padha perang tandhing. Amarga abdi sakloron iku padha digdayane padha sektine pungkasane mati kabeh.
Kanggo ngeling-eling kedadeyan iku, Prabu Aji Saka yasa tulisan Jawa kanthi urutan
a n  c  r  k     : Ana Utusan
f  t  s  w  l      : Padha Sulaya
p  d  j y v       : Padha dene sektine
m  g  b  q  z        : Mati bebarengan

 ( Kapethik saka buku crita rakyat Nusantara )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan anda berkomentar, namun tetap jaga kesopanan dengan tidak melakukan komentar spam.